Asia Tengah iku kawasan kang kakurung dharatan ing bawana Asia. Akèh makna kang béda-béda ngenani komposisi wewengkon kang sakbeneneré.

Peta lokasi Asia Tengah
Peta lokasi Asia Tengah

Makna

besut
 
Peta Asia Tengah

Miturut sawijining dhéefinisi, Asia Tengah nyakup watara 9.029.000 km², utawa 21% saka jembaré bawana. Nagara-nagara kang kalebu wewengkon Asia Tengah miturut makna iki yaiku Républik Rakyat Tiongkok (Provinsi Qinghai, wewengkon otonomi Xinjiang lan Tibet), Kazakhstan (wewengkon sisih wétan Kali Ural), Kirgizia, Tajikistan, Turkmenistan, lan Uzbekistan.

Dhéfinisi kapindho uga nyakup wewengkon-wewengkon dhéfinisi kapisan ditambah Azerbaijan-Iran, wewengkon Turkic/Muslim kidul Ruslan (Siberia kidul), Mongolia, Tiongkok pérangan kulon (Xinjiang lan Tibet), Afganistan, lan sapérangan wewengkon lor Pakistan.

Dhéfinisi katelu njelasaké wewengkon Asia Tengah minangka tilas nagara Républik-republik Asia Tengah Uni Soviet kang dumadi saka Kazakhstan, Kirgizia, Uzbekistan, Tajikistan, lan Turkmenistan.

Sajarah

besut
 
Sawiji lukisan abad kaping-9

Ing jaman biyèn, Asia Tengah dipanggoni déning wong normadik kaya:

Asia Tengah wis wiwit biyèn dadi wewengkon dagang antara Tiongkok lan masarakat Kulon, kanthi Jalur Sutra ngliwati wewengkon iki lan akèhé karajan ing tlatah iki.

Ing limang abad pungkasan, racaké wewengkon iki dijajah déning Kamaharajan Ruslan lan Karajan Tiongkok, déné Karajan Manunggal ndhudhuki India ing pérangan kidul Asia Tengah. Nalika abad kaping-20, racaké wewengkon ing Asia Tengah minangka péranganing tilas nagara ilèn kuminis Uni Soviet, kang pecah taun 1991. Wewengkon kang ora kalebu yaiku Mongolia lan laladan duwèké Tiongkok kaya Xinjiang. Nagara-nagara mau wis méngo saka sistem kuminis, lan saiki nganut warna-warna sistem pulitik antarané wiwit saka demokratis lemah nganti otoriter banget. Nanging Tiongkok lan Ruslan isih duwé prabawa kuwat sajeroning ngontrol wewengkon iku. Racaké nagara ing Asia Tengah gabung sajeroning Organisasi Kerjasama Shanghai.

Pranala njaba

besut