Jules Gabriel Verne (Nantes, Prancis, 8 Fèbruari 1828Amiens, Prancis, 24 Maret 1905) iku siji panulis Prancis sing mlopori genre fiksi-ngèlmiyah. Karya-karyané sing misuwur ya iku Voyage au centre de la Terre (Panglelanan menyang punjer Bumi 1864), Vingt mille lieues sous les mers (20.000 mil sangisoring sagara 1870), lan Le Tour du monde en quatre-vingts jours (Ngubengi donya ing 80 dina 1873). Verne nulis prakara antariksa, langit, lan panglelanan ngisor sagara sadurungé piranti-piranti iki diciptakaké. Dhèwèké iku panulis kapindho sing paling akèh diterjemahaké sawisé Agatha Christie. Karyané uga ana sing dipertal ing Basa Jawa. Saliyané iku akèh karyané sing digawé filem, minangka filem layar amba, filem TV utawa kartun.

Jules Verne
Tapak asta

Jules Verne, bareng karo H.G. Wells, kerep diarani "Bapak Fiksi Ngèlmiyah".[1]

Babad slira

besut

Masa cilik

besut

Jules Gabriel Verne lair ing kutha Nantes, ing pasisir kulon Prancis. Bapakné, Pierre Verne, iku siji pangacara (séda taun 1871). Ibuné ya iku Sophie-Henriette Allotte de la Fuÿe (séda 1887). Jules iku sing ragil saka anak lima lan taun-taun awalé dialaminé ing ngomah karo wong tuwané. Ing mangsa panas kulawarga iki lumrahé nginep ing ngomah liburan sajabaning kutha ing pinggiring Kali Loire. Nalika iku Jules karo adhiné, Paul kerep nyéwa prau sing regané sa-franc sadina lan ndelengi baita-baita sing alayar ing kali iku. Baita-baita iki nggugah daya imajinasiné kaya ditulis ing bukuné Souvenirs d'Enfance et de Jeunesse. Nalika Jules umuré sangang taun, dhèwèké lan adhiné dikirim menyang pamulangan asrama ing Saint Donatien College (Petit séminaire de Saint-Donatien). Minangka bocah, dhèwèké ngembangaké daya tarik ing panglelanan lan panjlajahan. Klangenané iki dituduhaké minangka panulis carita-carita petualangan lan fiksi ngèlmiyah.

Ing asrama, Verne sinau Basa Latin, sing dienggo ing carita cekaké Le Mariage de Monsieur Anselme des Tilleuls ing dasawarsa taun 1850-an. Salah siji guruné bokmanawa Brutus de Villeroi, siji panemu Prancis. Dhèwèké uga njabat dadi profésor gambar lan matématika ing Saint Donatien ing taun 1842. De Villeroi ing tembé bakal misuwur dadi pancipta USS Alligator, kapal silem kapisan Amérikah Sarékat. Bisa dadi De Villeroi sing ngilhami désain kapal silem Nautilus ing carita 20.000 mil sangisoring sagara, sanadyan ora ana komunikasi sing bisa dibuktèkaké antara wong loro iki.

Masa awal panulisan

besut
 
Gambar samak kas Hetzel kanggo siji buku Jules Verne. Iki édisi Les Aventures du Capitaine Hatteras au Pôle Nord, jinis "Aux deux éléphants".

Sawisé lulus SMA, Jules Verne lunga menyang Paris kanggo kuliyah kukum. Kira-kira ing taun 1848, Verne karo Michel Carré padha-padha nulis libretto kanggo operette. Kanggo sawatara taun, kawigatèné kapérang kanggo téater lan pagawéyané, nanging sawatara carita-carita panglelanan sing dhèwèké tulis kanggo Musée des Familles nuduhaké bakaté sing sajati: Verne bisa nyritakaké panglelanan astaméwa lan petualangan ing ngendi detail-détail ngèlmiyah lan géografis bisa mènèhi swasana réalistis. Nalika bapakné Jules Verne ngonangi yèn anaké ora kuliyah kukum nanging malah nulis buku, banjur kiriman dhuwité langsung dijabel. Jules Verne kepeksa nyambut gawé dadi pedagang saham. Pagawéyané iki ora disenengi kamangka dhèwèké bisa rada suksès nglakoni iki. Nalika iku dhèwèké tepungan karo Alexandre Dumas, père lan Victor Hugo, sing ngandhani cara-carané nulis buku. Dumas ing tembé bakal dadi kancané sing raket.

Jules Verne uga ketemu karo Honorine Morel, siji randa sing ditilar donya Fraysne de Viane sing umuré 26 taun lan wis duwé anak wadon loro. Jules banjur omah-omah karo dhèwèké ing tanggal 10 Januari 1857. Mawa pasengkuyungané, Jules Verne mbanjuraké aktivitas panulisané lan golèk panerbit sing bisa mbabar karyané. Banjur ing tanggal 3 Agustus 1861, anaké Michel Verne lair. Michel-Jean iki bocahé nakal lan ora nurut wong tuwané. Nalika cilik tau dikirim menyang siji kunjara rumaja ing taun 1876. Banjur dhèwèké kawin karo siji aktris lan duwé anak loro karo pacaré sing umuré 16 taun. Nanging nalika dhèwèké saya tuwa, gayutané dadi saya apik.

Kaanan Verne dadi saya apik sawisé dhèwèké ketemu karo Pierre-Jules Hetzel, salah sijining panerbit wigati Prancis ing abad kaping 19 sing uga nerbitaké antarané karya-karyané Victor Hugo, Georges Sand, lan Erckmann-Chatrian. Wong loro iki ngwujudaké siji tim panulis-panerbit sing kukuh nganti Hetzel tilar donya.

Hetzel ngréwangi mbenakaké tulisané Verne, sing nganti semono ditulak karo panerbit liyané. Hetzel maca naskahé Verne prakara panglelanan lan panjlajahan bawana Afrika mawa balon sing ditulak déning panerbit liyané amarga dianggep "ngèlmiyah banget". Banjur mawa pitulungé Hetzel, Verne nulis ulang carita iki sing diterbitaké ing taun 1863 mawa irah-irahan Cinq semaines en ballon (Limang Minggu ing siji Balon). Nuruti sarané Hetzel, Verne nambahaké sawatara aspèk-aspèk komik ing buku-bukuné, ngowahi pungkasan carita sing sedih lan ngurangi pesen-pesenan pulitik.

Saka titik iku nganti tilar donyané Verne, Hetzel mbabar rong jilid utawa luwih saben tauné. Sesirah-sesirah sing paling suksès ya iku kalebu: Voyage au centre de la terre (1864); De la terre à la lune (Saka Bumi menyang Wulan, 1865); Vingt mille lieues sous les mers (1869); lan Le tour du monde en quatre-vingts jours, sing mula-mulané muncul ing Le Temps taun 1872. Sérial iki ditepungi mawa jeneng "Les voyages extraordinaires" ("panglelanan astaméwa"). Jules Verne saiki bisa ngurip ngandhalaké kasil karya tulisané. Nanging sabagéan gedhé kasugihané olèhé saka pamentasan sandhiwara Le tour du monde en quatre-vingts jours (1874) lan Michel Strogoff (1876), sing ditulis karo Adolphe d'Ennery.

Ing taun 1867 Verne tuku siji baita cilik sing dijenengaké Saint-Michel, lan ora suwé manèh Saint-Michel II lan Saint-Michel III nalika kaanan ékonominé saya apik. Sajeroning Saint-Michel III, dhèwèké ngubengi Éropah. Ing taun 1870, dhèwèké diangkat dadi Chevalier (Satriya) Légion d'honneur.

Sawisé romané sing kapisan, sabagéan gedhé carita-caritané kapisanan diterbitaké minangka carita sambungan dhisik ing kalawarta Hetzel sing jenengé Magazine d'Éducation et de Récréation, lan terbit rong minggu pisan sadurungé diterbitaké awujud buku. Miturut Index Translationum Unesco, Jules Verne kanthi tetep manggoni papan peringkat lima paling dhuwur saka panulis-panulis sing paling akèh dipertal sa-donya.

Taun-taun pungkasan

besut
 
Verne ing 1892

Ing tanggal 9 Maret 1886, nalika Verne nyedhaki omahé, kaponakané sing ajeneng Gaston, sing ngidhep lara paranoia mara lan némbak Jules Verne kaping loro. Pélor siji luput nanging sijiné kéna sikilé sing kiwa lan njalari Verne dadi pincang lakuné. Gaston banjur lumebu omah lara jiwa saumur uripé.

Sawisé Hetzel tilar donya lan ibuné séda ing taun 1887, Verne miwiti nulis karya-karya sing luwih pésimis. Bisa baé iki disebabaké amarga wateké rada owah, nanging bokmanawa uga amarga putrané Hetzel ora patiya keras kaya bapané olèhé nyunting karya Verne.

Ing taun 1888, Jules Verne lumebu kancah pulitik lan kapilih dadi siji anggota déwan kutha Amiens, ing ngendi dhèwèké mlopori sawatara yasa lan mangsa bektiné 15 taun.

Ing taun 1905, Jules Verne séda déning lelara diabetesé ing dalemé, Boulevard Longueville 44 (saiki Boulevard Jules-Verne). Putrané Michel sing ngurusi publikasi roman-roman pungkasané Invasion of the Sea lan Le Phare du bout du monde. Sérial "Voyages extraordinaires" dibanjuraké nganti sawatara taun sawisé iku. Ing tembé tinemu yèn putrané ngowahi akèh prakara ing carita-carita iki. Mula vèrsi-vèrsi asliné dibabar manèh ing pungkasan abad kaping 20.


Pertalan ing basa-basa Nuswantara

besut
 
Hikajat Phileas Fogg ing basa Jawa

Karya-karya Jules Verne uga akèh dipertal ing basa-basa Nuswantara, mligi basa Malayu lan basa Jawa. Buku-buku karya Jules Verne iki diajèni banget, buktiné pertalan ing basa Malayu dibabar déning Balé Poestaka.

Ing basa Jawa Le Tour du Monde en quatre-vingts jours (Ngubengi donya ing 80 dina) sing asliné dibabar taun 1873, dipertal lan dibabar ing taun 1889. Vèrsi basa Jawa iki diwèhi irah-irahan diarani Hikayat Phileas Fogg (katulis Hikajat Phileas Fogg).

Pangaribawa Hetzel

besut

Hetzel akèh mènèhi pangaribawa marang tulisan-tulisané Verne, sing seneng bisa nemoni siji panerbit. Tundhané Vernes nurut mèh apa sarané Hetzel kabèh. Hetzel nulak minimal siji roman (Paris ing abad kaping 20) lan njaluk marang Verne supaya ngowahi akèh tulisané. Hetzel ngakon supaya Verne iku ngadopsi gaya sing luwih optimis. Banjur supaya ora ngenyèk sekuthu Prancis kala iku, Ruslan, Verne dikon ngowahi warganagara Kaptèn Nemo saka pangungsi Polen dadi siji Pangéran India.

Pratélan pustaka

besut
 
Mercusuar ing Akhir Donya dianggep minangka salah sawijining novel paling apik ing panggung sastra Verne.
Roman

Yèn carané roman-roman utama Jules Verne dijingglengi, mangka bisa dideleng yèn roman-romané kawangun saka telung pérangan sing kagandhèng siji karo liyané:

  1. panglelanan géografis
  2. panglelanan moral
  3. panglelanan ngèlmiyah
 
Caricature de Jules Verne « allant recueillir aux bonnes sources des renseignements authentiques sur le monde sous-marin ».
 
Museum Jules Verne ing Nantes
 
Monumèn Jules Verne ing Redondela
Recueils de nouvelles
Contes fantastiques

Cathetan sikil

besut
  1. Adam Charles Roberts (2000), "The History of Science Fiction": Page 48 ing Science Fiction, Routledge, ISBN 0-415-19204-8. Wong-wong liya sing uga kerep diarani "Bapak Fiksi Ngèlmiyah" kalebu Hugo Gernsback, H. G. Wells lan Edgar Allan Poe.
  2. « Les Forceurs de blocus (1865) », dans site J.V. Gilead, The Illustrated Jules Verne, Cithakan:Lire en ligne