Menyang kontèn

Nadia Petrova

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Nadia Petrova

Nadia Petrova (lair ing Moskwa, Ruslan, 8 Juni 1982; umur 42 taun)[1] iku petenis tunggal wadon.[1] Nadia Petrova nduwéni awak kang dhuwuré 178 cm lan aboté 65 kilo gram.[2] Nadia Petova dadi petenis wadon kang profésional nalika taun 1999.[1] Nadia Petrova uga tau éntuk rangking kang paling dhuwur sadonya, Nadia Petrova tau éntuk rangking lima sadonya nalika tanggal 15 Mèi 2006 kapungkur.[1] Saliyané iku, Nadia Petrova uga tau éntuk gelar juwara profésional kang cacahé limang gelar juwara profésional tunggal putri nganti saiki.[1] Nalika taun 2004, Nadia Petrova pancèen ora éntuk juwara siji ing Australian Open, nanging Nadia Petrova banjur sukses ing WTA sirkuit.[1] Nadia Petrova kang asalé saka Ruslan menang saka Tamarine Tanasugarn kang asalé saka Thailand.[1] Nadia menang nalika lomba ing tetandhingan tunggal putri ing turnamen Australian Open tennis ing Melbourne nalika tanggal 15 Januari 2007.[1]

Nadia Petrova iku kalebu petenis kang nduwéni pengalaman.[3] Nadia mèlu main ing tennis Pro nalika taun 1999.[3] Prestasi kang ditampa Nadia Petrova ya iku rangking 3 WTA nalika Mèi taun 2006, rangking sekaran 37 WTA (20 Juni 2011).[3] Déné gelar Juwara kang tau ditampa ya iku 4 ITF lan 9 WTA.[3] Saliyané iku Pencapaian ing Grand Slam ya iku Quarter Final (QF) Australian Open (2006, 2010); QF Wimbledon (2005, 2008); QF US Open (2004, 2005) lan Semi Final French Open (2003, 2005).[3]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h australian.open-tennis.com Archived 2009-12-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)
  2. usopen.org(dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)
  3. a b c d e raga.kompasiana.com/raket/2011/06/26/darah-muda-di-r4-w-2011/ ulah raga.kompasiana.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)