Menyang kontèn

Prasasti Kebon Kopi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Prasasti Kebonkopi ing Museum Sajarah Jakarta.

Prasasti Kebonkopi iku paninggalan Karajan Tarumanagara.

Lokasi

Prasasti Kebon kopi tinemu ing Kampung Muara, désa Ciaruteun Ilir, Cibungbulang, Bogor, ing abad kaping 19 nalika pambabatan alas kanggo lahan perkebunan kopi. Wiwit iku prasasti iki karan Prasasti Kebon kopi nganti saiki isih ana ing panggonan asalé (insitu).

Penemuan

Prasasti Kebonkopi pisanan dilapuraké déning N.W. Hoepermans ing taun 1864 sing banjur disusul pandhita J.F.G. Brumun (1868), A.B. Cohen Stuart (1875), P.J. Veth (1878, 1896), H. Kern (1884, 1885, 1910), R.D.M. Verbeek (1891) dan J.Ph. Vogel (1925).

Bahan

Prasasti Kebonkopi ditatah ing salah siji babagan lumahing watu sing cukup gedhé nganggo aksara Pallawa lan basa Sansekerta sing disusun sajeroning wangun saloka metrum Anustubh sing diapit sepasang tatahan gambar tlapak sikil gajah.

Tèks:
~ ~ jayavisalasya Tarumendrasya hastinah ~ ~
Airwavatabhasya vibhatidam= padadvayam

Terjemahan: “Ing kéné katon kagambar sepasang tlapak sikil…sing kaya Airawata, gajah panguwasa Taruma sing agung sajeroning….lan (?) kejayaan”

Uga delengen

Rujukan

  1. H.P. Hoepermans “Hindoe-Oudheden va Java (1864)” ROD 1913:74
  2. J.F.G. Brumund “Bijdragen tot de kennis va het Hindoeisme op Java” VBG.XXXIII 1868:63-64
  3. A.B. Cohen Stuart “Heilige Voetsporen op Java” BKI 3(X) 1875:163-168. Juga di basa Inggris berjudul: “Sacred Footprints in Java” Indian AntiQuary IV. 1875:355-dst
  4. H. Kern “Eenige Oude Sanskrit-Opschrifte n van ‘t Maleische-schiereil and” VMKAWL 3(1).1884:9
  5. P.J. Veth, Java II. 1878:46; I.1896:27
  6. R.D.M. Verbeek “Oudheden van Java” VBG. XLVI. 1891:30-31.
  7. J. Ph. Vogel “the Earliest Sanskrit Inscription opsachriften of Java” POD. I. l925:27-28. Plate 32,33.
  8. Bambang Soemadio (et.al. editor) Sajarah Nasional Indonésia II, Jaman Kuna. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan l975:39-40; l984:40