Menyang kontèn

Sekretariat PBB

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Sekretariat PBB punika salah satunggilipun badan utami saking PBB lan dipunpimpin déning Sekretaris Jendral PBB, dipunrèncangi déning staff pambantu pamaréntah sadonya. Badan punika nyadiakaken panelitèn, informasi, lan fasilitas ingkang dipunbetahaken déning PBB kanggé rapat-rapat. Badan punika ugi ngasta tugas kados ingkang dipuntata déning Dewan Keamanan PBB, Sidang Umum PBB, Dewan Ékonomi lan Sosial PBB sarta badan PBB sanèsipun. Piagam PBB nyadiakaken para staff dipunpilih dhedhasar aplikasi standar efisiensi, kompetensi, lan integritas ingkang paling inggil, amargi kepentingan ingkang magepokan kaliyan géografi ingkang wiyar.

Fungsi-fungsi Sekretaris Jendral

  • Minangka kepala administratif PBB
  • Nyuwunaken kawigatèn saking Dewan keamanan bab ingkang dipunanggep mbebayani tumrap perdamaian lan keamanan internasional
  • Ndamel lapuran taunan lan lapuran tambahan dhumateng Majelis Umum bab padamelan PBB

Sekretaris Jendral

Artikel utama: Sekretaris Jendral PBB