Menyang kontèn

Arya Penangsang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pasaréan Arya Penangsang ing tlatah Demak

Arya Penangsang iku tokoh sujarah putrané Pangéran Séda Lèpèn. Wiwit bayi nganti diwasa, Arya Penangsang kagulawentah déning Sunan Kudus. Nalika diwasa, Panjenengané dadi Adhipati ana ing Kadhipatèn Jipang Panolan (dumunung ing tlatah Cepu). Arya Penangsang palastra ing tangané Danang Sutawijaya. Guguré Arya Penangsang iku déné ususé pedhot kairis keris.

Panjenengané iku kerep dadi paraga kethoprak kang awatak kasar lan apa anané. Amarga ana sing ngarani manawa wong Blora iku asipat kasar, mula wong Blora dianggep tedhak turuné Arya Penangsang.

Silsilah

[besut | besut sumber]

Miturut Serat Kanda, ramane Arya Penangsang ya iku panjenengané Raden Kikin utawa misuwur kanthi sesebatan Pangéran Sekar Seda Lèpèn jalaran katemokake tiwas ing kali, putra saka panjenengané Raden Patah raja Demak kang pisanan. Biyung saka Raden Kikin ya iku putri bupati Jipang saéngga panjenengané bisa entuk warisan kadudukan saka leluhur simbah buyut. Arya Penangsang uga duwé sadulur liya ibu kanthi nama Arya Mataram adhi saka titisan putra kasultanan kampung Arab Surabaya kanthi nama pangeran Pendowo Limo putra saka Karajan Banten.

Nalika ing tahun 1521 putra pambarepé Raden Patah kang namane Adipati Kudus (wong Portugis ngarani Pate Unus, ana uga kang ngarani Pangeran Sabrang Lor amarga nyerang Malaka sing dikuwasani Portugis) tiwas ing paprangan. Adhine sakloron, Raden Kikin lan Raden Trenggana, malah rebutan takhta. Raden Mukmin utawa kang diarani Sunan Prawoto (putra pambarepé Raden Trenggana) matèni Raden Kikin sabaline saka salat Jumat ana ing pinggir kali nganggo keris Kyai Setan Kober kagungané Sunan Kudus kang dimaling Raden Mukmin. Wiwit saka iku, Raden Kikin misuwur kaaran Pangeran Sekar Séda ing Lèpèn. Sawise ramané seda, Arya Penangsang dadi bupati Jipang Panolan. Nalika semana, umure isih cilik mulane ing kabupaten Arya Penangsang diwakili Patih Matahun. Kajaba iku, Arya Penangsang uga diewangi salah sijine senapati Kadipaten Jipang sing jenenge Tohpati. Wewengkon Jipang Panolan iki ing sacedhaké laladan Cepu, Blora, Jawa Tengah.

Kadhaton Jipang Panolan

[besut | besut sumber]

Arya Penangsang jumeneng adipati ing Kadipaten Jipang kang mapan ing sapinggire Bengawan Sala kang saiki kalebu ing kalebu ing Kalurahan Jipang, Blora. Ing sakulone kraton, Arya Penangsang gawe sudhètan Bengawan Sala kang ngubengi kratone aran kali Pasarsore. Déné kang dadi pepatih ya iku Raden Mataun kang isih sedulur selirak (sapenuson). Pusakané rupa keris Setan Kober lan tumbak Tundhung Mungsuh, kanthi titihan jaran ules ireng aran Gagak Rimang, peparingé Sultan Demak Bintara.[1]

Gugure Arya Penangsang

[besut | besut sumber]

Sasurute Radèn Patah, kalungguhane ratu ing Demak dadi rebutan para putra lan turune. Ing akhire Arya Penangsang satru karo sedulur misan, para putra saka Sultan Trenggana. Kadipaten Jipang kalurug dening prajurit Pajang, kalebu Sutawijaya, Kyai Ageng Pamanahan lan Ki Penjawi. Arya Penangsang kasil kepancing metu saka kadipaten lan nyabrang sudhètan Pasarsore. Wusana, Arya Penangsang katumbak dening Kyai Ageng Pamanahan lan Ki Penjawi. Kadhaton Jipang bedhah lan kabawah Kadipaten Pajang.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • H.J.de Graaf dan T.H. Pigeaud. 2001. Karajan-Karajan Islam Pertama di Jawa. Terj. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti
  • Hayati dkk. 2000. Peranan Ratu Kalinyamat di jepara pada Abad XVI. Jakarta: Proyek Peningkatan Kesadaran Sajarah Nasional Direktorat Sajarah dan Aji Tradisional Direktorat Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan Nasional
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  1. Reksakusuma. Cariyosipun Banawi Sala - 1916 (ing basa Jawa).