Menyang kontèn

Simbiosis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hubungan antawisipun kupu lan kembang, tuladha simbiosis mutualisme

Simbiosis inggih punika gayutan timbal balik antawisipunkalih makluk hidup ingkang sami gesang sesarengan.[1] Tembung simbiosis asalipun saking basa Yunani, inggih punika sym ingkang tegesipun karo (basa Indonesia dengan), kaliyan biosis ingkang tegesipun panguripan.[1] Dados, simbiosis inggih punika satunggaling pola interaksi ingkang raket antawisipun kalih organisme utawi langkung ingkang jinisipun bènten lan gesang kanthi sesarengan, déné simbion inggih punika aran saking makluk ingkang nindakaké simbiosis.[1] Hubungan antawisipun organisme-organisme punika amarga salah satunggal utawi kalih-kalihipun organisme mbetahaken pambiyantu saking organisme sanèsipun kanggé saged tahan anggènipun gesang ugi supados saged tumuwuh biak.[2]

  • Simbiosis Mutualisme, inggih punika gayutan timbalbalik ingkang sami bathinipun. Tuladhanipun inggih punika:
  • Simbiosis Komensalisme, inggih punika gayutan ingkang bathi namung salah satunggaling pihak, déné pihak sanèsipun boten tuna ugi boten bathi. Tuladhanipun inggih punika:
  • Simbiosis Parasitisme, inggih punika gayutan ingkang pihak satunggal tuna, lan pihak sanèsipun bahti. Tuladhanipun inggih punika:
  • Amensalisme, inggih punika nalika salah satunggaling pihak tuna lan pihak sanèsipun boten bathi ugi boten tuna. Tuladhanipun inggih punika:
  • Kompetisi, ing pundi pihak kekalihipun sami tuna, padatan kadadosan lumantar kompetisi nalika ngrebutaken panganan.[4]
  • Netralisme, inggih punika simbiosis ing pundi pihak kekalihipun boten wonteng ingkang tuna inggih boten wonten ingkang bahti. Simbiosis antawisipun spésies kalih punika boten njalari bathi utawi tuna kanggé kekalihipun.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c Pengertian simbiosis[pranala mati permanèn](dipunundhuh 29 Oktober 2012)
  2. Simbiosis Archived 2012-01-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 29 Oktober 2012)
  3. a b c Jinis Simbiosis(dipunundhuh 25 februari 2013)
  4. a b c Hutagalung RA. 2010. Ekologi Dasar. Jakarta.